Rabu, 13 Mei 2009

blogbasajawa

Apa gunane sinau Basa Jawa? Mesthi bae supaya bisa komunikasi nganggo Basa Jawa, syukur-syukur yen bisa nggunakake Basa Jawa kanthi bener, apa maneh sing rumangsa yen dheweke iku wong Jawa, disadhari utawa ora dheweke iku duwe tanggung jawab nggunakake, nglestarekake, luwih apik maneh yen dheweke bisa ngembangake Basa Jawa, supaya Basa Jawa iku ora ilang, kaya basa dhaerah liyane kang akeh sing wis ilang, kamangka jenenge basa daerah iku kalebu sawijining bagian saka budhaya, yen budhayane ilang idhentitas dhaerah iku ya ilang, sebab kanthi badhaya iku bisa dibedakake asal-usule wong iku, wo iku wong Jawa, iku wong Bali, iku wong Sundha, iku wong Medura lan liya-liyane iku kabeh bisa didelok saka sing nomer siji basane dhisik.
Mulane Depdiknas ing saben Propinsi majibake marang saben sekolah menehi pelajaran basa dhaerahe dhewe-dhewe, contone ing Jawa wajib menehi pelajaran Basa Jawa, ing Medura wajib menehi pelajaran Basa Medura lan sapanunggalane, iku kabeh minangka usaha pemerintah kanggo nglestarekake budhaya dhaerah utamane basa dhaerah.
Mula saka iku ayo kanca padha cancut taliwanda saiuyeg saeka praya nglestarekake budhaya Jawa utamane Basa Jawa, malah ing pamikiranku yen budhaya iki bisa lestari apik, bisa nambahi rasa percaya dhiri malah-malah bisa dadi kebanggaan kang akhire bisa dadi sumbering dhuwit tumrap dhiri pribadhi, kampung , kecamatan, kabupaten, propinsi akhire bisa dadi sumber devisa negara.
Iku kabeh dudu barang kang mokal tapi mesthi, deloken akeh dhaerah, negara kang sumber devisane saka bidhang pariwisata.
Ngono lo dulur mulane aja isin ngembangake budhayane dhewe, lan rumangsa bangga bisa niru budhaya liya, iku kliru, sing bener bangga bisa ngembangake budhayane dhewe lan isin niru budhaya manca.