Senin, 08 Juni 2009

parikan

Ing bahasa indonesia kita kenal sing jenenge pantun, ing basa Jawa pantun iku jenenge parikan, parikan paling kerep digunakake ing kesenian ludrug (kesenian khas Jawa Timur), sing ditindakake dening paraga tari remo lan dhagelan.


Parikan ana loro yaiku:
1. rong ukara.
2. patang ukara.

Pedhoman/ ciri-cirine parikan :
1. Kedadeyan saka rong ukara utawa patang ukara.
2. Saben gatra(baris) kedadeyan saka rong ukara.
3. Saben wanda pungkasan awujud purwakanthi swara.
4. Menawa kedadeyan saka patang ukara :
a. Wanda pungkasan gatra kapisan runtut karo wanda pungkasan gatra katelu,
wanda pungkasan gatra kaloro runtut karo wanda pungkasan gatra kapapat.
b. Ukara kapisan lan kaloro purwaka/ sampiran, ukara katelu lan kapapat isi.

Tuladha parikan rong ukara:
1. Wedang bubuk gila tebu, mata ngantuk njaluk turu.
2. Wedang bubuk gula jawa, jo sok ngamuk gelis tuwa.
3. Nyunggi ember ngiwa nengen, lungguh jejer nggo tamba kangen.
4. Abang-abang ora legi, klambi abang narik ati.
5. Godhong waru suwek ing pinggir, ngguya-ngguyu ketoke naksir.


Tuladha parikan patang ukara:
1. Wetan kali kulon ya kali, arep nyabrang ora ana wote, etan gati kulon
ya gati ditimbang-
timbang padha abote.
2. Esuk nakir sore nakir, sing ditakir godhonge tela, esuk mikir sore ya
mikir sing dipikir ora
rumnagsa.
3. Korat-karit gorengan kopi, cikar gapit digeret sapi, amit-amitprawan
saiki, sandhale jepit
dikemiteni.
4. Suwe ora jamu, jamu godhonge godhong kemitir, suwe ora ketemu
ketemu pisan langsung
naksir.
5. Iwak lele mati kethuthuk, bethetana nggo pring iratan, ngawe-awe
sing kaing andhuk,
entenana ing dalan prapatan.