Senin, 08 Juni 2009

parikan

Ing bahasa indonesia kita kenal sing jenenge pantun, ing basa Jawa pantun iku jenenge parikan, parikan paling kerep digunakake ing kesenian ludrug (kesenian khas Jawa Timur), sing ditindakake dening paraga tari remo lan dhagelan.


Parikan ana loro yaiku:
1. rong ukara.
2. patang ukara.

Pedhoman/ ciri-cirine parikan :
1. Kedadeyan saka rong ukara utawa patang ukara.
2. Saben gatra(baris) kedadeyan saka rong ukara.
3. Saben wanda pungkasan awujud purwakanthi swara.
4. Menawa kedadeyan saka patang ukara :
a. Wanda pungkasan gatra kapisan runtut karo wanda pungkasan gatra katelu,
wanda pungkasan gatra kaloro runtut karo wanda pungkasan gatra kapapat.
b. Ukara kapisan lan kaloro purwaka/ sampiran, ukara katelu lan kapapat isi.

Tuladha parikan rong ukara:
1. Wedang bubuk gila tebu, mata ngantuk njaluk turu.
2. Wedang bubuk gula jawa, jo sok ngamuk gelis tuwa.
3. Nyunggi ember ngiwa nengen, lungguh jejer nggo tamba kangen.
4. Abang-abang ora legi, klambi abang narik ati.
5. Godhong waru suwek ing pinggir, ngguya-ngguyu ketoke naksir.


Tuladha parikan patang ukara:
1. Wetan kali kulon ya kali, arep nyabrang ora ana wote, etan gati kulon
ya gati ditimbang-
timbang padha abote.
2. Esuk nakir sore nakir, sing ditakir godhonge tela, esuk mikir sore ya
mikir sing dipikir ora
rumnagsa.
3. Korat-karit gorengan kopi, cikar gapit digeret sapi, amit-amitprawan
saiki, sandhale jepit
dikemiteni.
4. Suwe ora jamu, jamu godhonge godhong kemitir, suwe ora ketemu
ketemu pisan langsung
naksir.
5. Iwak lele mati kethuthuk, bethetana nggo pring iratan, ngawe-awe
sing kaing andhuk,
entenana ing dalan prapatan.

gamelan jawa

Jenis gamelan iku akeh banget, ana gamelan Sundha, gamelan Jawa, gamelan Banyuwangi ana uga gamelan Bali.

Ing kene aku arep ngenalake gamelan Jawa.
Gamelan Jawa ana (2) rong laras, yaiku laras slendro lan pelog, bedane ana ing nadhane, jelase kaya mangkene:
1. Laras slendro : nadhane 1(ji), 2(ro), 3(lu), 5(ma), 6(nem).

2. Laras pelog : nadhane 1(ji), 2(ro), 3(lu), 4(pat), 5(ma), 6(nem), 7(pi).



iku jenis instrumen ing gamelan, beda instrumen beda cara maine

Deloken cara maine ing video ngisor iki :

cara maine GENDER

cara maine SLENTHEM

cara maine SARON

cara maine KENONG

cara maine KENDANG

cara maine KEMPUL, GONG SUWUKAN,GONG

cara maine DEMUNG

cara maine BONANG PENERUS

cara maine BONANG PEKING

cara maine BONANG BARUNG

Rabu, 13 Mei 2009

blogbasajawa

Apa gunane sinau Basa Jawa? Mesthi bae supaya bisa komunikasi nganggo Basa Jawa, syukur-syukur yen bisa nggunakake Basa Jawa kanthi bener, apa maneh sing rumangsa yen dheweke iku wong Jawa, disadhari utawa ora dheweke iku duwe tanggung jawab nggunakake, nglestarekake, luwih apik maneh yen dheweke bisa ngembangake Basa Jawa, supaya Basa Jawa iku ora ilang, kaya basa dhaerah liyane kang akeh sing wis ilang, kamangka jenenge basa daerah iku kalebu sawijining bagian saka budhaya, yen budhayane ilang idhentitas dhaerah iku ya ilang, sebab kanthi badhaya iku bisa dibedakake asal-usule wong iku, wo iku wong Jawa, iku wong Bali, iku wong Sundha, iku wong Medura lan liya-liyane iku kabeh bisa didelok saka sing nomer siji basane dhisik.
Mulane Depdiknas ing saben Propinsi majibake marang saben sekolah menehi pelajaran basa dhaerahe dhewe-dhewe, contone ing Jawa wajib menehi pelajaran Basa Jawa, ing Medura wajib menehi pelajaran Basa Medura lan sapanunggalane, iku kabeh minangka usaha pemerintah kanggo nglestarekake budhaya dhaerah utamane basa dhaerah.
Mula saka iku ayo kanca padha cancut taliwanda saiuyeg saeka praya nglestarekake budhaya Jawa utamane Basa Jawa, malah ing pamikiranku yen budhaya iki bisa lestari apik, bisa nambahi rasa percaya dhiri malah-malah bisa dadi kebanggaan kang akhire bisa dadi sumbering dhuwit tumrap dhiri pribadhi, kampung , kecamatan, kabupaten, propinsi akhire bisa dadi sumber devisa negara.
Iku kabeh dudu barang kang mokal tapi mesthi, deloken akeh dhaerah, negara kang sumber devisane saka bidhang pariwisata.
Ngono lo dulur mulane aja isin ngembangake budhayane dhewe, lan rumangsa bangga bisa niru budhaya liya, iku kliru, sing bener bangga bisa ngembangake budhayane dhewe lan isin niru budhaya manca.